Judges 14:18 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Bareng ing pitung dinane, sadurunge srengenge surup, wong ing nagara kono banjur matur marang Sang Simson: “Punapa ingkang leginipun ngungkuli madu? Punapa ingkang rosanipun ngungkuli singa?” Pangandikane Sang Simson marang wong-wong mau: “Yen anggonmu mluku ora nganggo sapiku wadon, mesthi kowe ora bisa mbatang cangkrimanku.”
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Bareng ing pitung dinané, sak durungé srengéngé mingslep, wong negara kono terus ngomong marang Simson: “Apa sing leginé ngungkuli madu? Apa sing rosané ngungkuli singa?” Tembungé Simson marang wong-wong mau: “Yèn enggonmu ngluku ora nganggo sapiku wadon, mesti kowé ora bisa mbedèk bedèkanku.”