Judges 15:11 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Banjur ana wong Yehuda telung ewu padha marani guwa parang ing Etam sarta matur marang Sang Simson: “Panjenengan punapa boten pirsa, bilih tiyang Filisti punika sami ngereh kula? Punapaa dene panjenengan nandukaken makaten dhateng kula sadaya?” Wangsulane Sang Simson marang wong mau: “Panggaweku marang dheweke iku padha uga karo kang dadi panggawene marang aku.”
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Terus ana wong Yéhuda 3000 pada marani ing guwa watu ing Etam lan ngomong marang Simson: “Sampéyan apa ora weruh, yèn wong Filistèn kuwi pada ngwasani kita? Kenèng apa kok sampéyan nindakké mengkéné marang kita?” Semauré Simson marang wong mau: “Penggawéku marang dèwèké kuwi pada uga karo sing dadi tumindaké marang aku.”