Judges 15:14 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Satekane ing Lekhi banjur dipapag dening wong Filisti klawan disuraki. Sang Simson katedhakan ing Rohe Sang yehuwah, temah dhadhung kang ana ing baune dadi prasasat gagang rami kang kobong kena ing geni, sarta bebandane padha lebur udhar saka ing astane.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Sak tekané ing Lehi terus dipapak karo wong Filistèn karo disuraki. Simson kedunan karo Rohé GUSTI, nganti tali ing tangané dadi kaya waé gagang damèn sing kobong kena geni, lan bandané pada lebur udar sangka tangané.