Judges 15:18 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Nalika Sang Simson kasatan banget, sesambat marang Sang Yehuwah: “Paduka sampun paring pangluwaran ageng makaten lantaran tanganipun abdi Paduka, ing sapunika punapa kawula badhe pejah kasatan, sarta dhumawah ing tanganipun tiyang boten tetak punika?”
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Waktu Simson ngelak banget, sambat marang GUSTI: “Panjenengan wis ngekèki keslametan gedé mengkéné lantaran tangané abdi Panjenengan, ing saiki apa kula bakal mati ngelak, lan tiba ing tangané wong ora sunat kuwi?”