Judges 16:13 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Dhelila tumuli matur marang Sang Simson: “Ngantos dumugi sapunika panjenengan punika damel gegujengan dhateng kula, panjenengan apusi kemawon. Bok inggih kula panjenengan blakani ta ingkang kenging kangge mbesta panjenengan punika punapa?” Pangandikane Sang Simson marang Dhelila: “Manawa klabangane rambutku pitu iku padha kokubetake oleh lungsening tenunan lan koksantosani nganggo pantek, mesthi aku dadi apes lan lumrah kaya wong liya-liyane.”
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Delila terus ngomong marang Simson: “Nganti tekan saiki sampéyan kuwi nggawé gegojèkan marang kula, sampéyan apusi waé. Mbok ya kula sampéyan blaka ta sing kenèng kanggo mbanda sampéyan kuwi apa?” Tembungé Simson marang Delila: “Yèn klabangané rambutku pitu kuwi pada kok ubetké karo mori tenunan lan kok talèni nganggo pantèk, mesti aku dadi apes lan lumrah kaya wong liyané.”