Judges 16:17 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Sang Simson satemah banjur nglairake isining panggalihe kabeh marang Dhelila, mangkene pangandikane: “Sirahku durung tau kagepok ing lading panyukuran, amarga aku iki wiwit ana ing guwa-garbaning ibuku dadi nazir sengkerane Gusti Allah; mulane manawa aku kacukur mesthi koncatan karosanku temah dadi apes, lumrah padha kaya wong liya-liyane.”
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Simson terus ngetokké isiné atiné kabèh marang Delila, mengkéné tembungé: “Sirahku durung tau kedemok ing péso tyukur, awit aku iki wiwit ing wetengé ibuku dadi nasir pilihané Gusti Allah; mulané yèn aku dityukur mesti ilang kekuwatanku nganti dadi apes, lumrah pada kaya wong liyané.”