Judges 16:28 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Sang Simson banjur sesambat marang Pangeran Yehuwah, unjuke: “Dhuh Pangeran Yehuwah, Paduka mugi karsaa ngengeti kawula, saha kawula mugi Paduka kiyataken namung sepisan punika kemawon, dhuh Gusti Allah, supados kawula sageda nandukaken piwales dhateng tiyang Filisti, jalaran saking icalipun mripat kawula kalih punika.”
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Simson terus sambat marang GUSTI, semauré: “Duh GUSTI, Panjenengan muga gelem éling kula, lan kula muga Panjenengan kuwatké sepisan iki waé, duh Gusti Allah, supaya kula bisaa nindakké mbales marang wong Filistèn, jalaran sangka ilangé mripat kula loro iki.”