Judges 16:9 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
lan ing kamar kono ana wong kang samekta. Wong wadon mau banjur nguwuh-uwuh: “Tiyang Filisti sami nggropyok panjenengan, Kangmas Simson!” Nanging Sang Simson medhot taline kaya lawe rami kang pedhot, awit kobong kena geni, temah nganti ora kaweruhan dununging karosane.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
lan ing sentong kono ana wong sing jaga-jaga. Wong wadon mau terus mbengok: “Wong Filistèn pada nyerang sampéyan, Simson!” Nanging Simson medot taliné kaya bolah damèn sing pedot, awit kobong kena geni, nganti ora diweruh dunungé kekuwatané.