Judges 18:7 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Wong lima mau banjur padha mangkat, nuli padha tekan ing Lais. Rakyat kang ana ing kono katon tentrem uripe, miturut adate wong ing Sidon, tentrem lan ayem. Wong iku ora padha kekurangan apa-apa ing bab apa kang ana ing salumahing bumi, malah padha sugih dhuwit. Pamanggone adoh karo wong ing Sidon lan padha ora sesrawungan karo sapa bae.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Wong lima mau terus pada budal, terus pada tekan ing Lais. Rayat ing kono kétok tentrem uripé, miturut adaté wong Sidon, tentrem lan ayem. Wong kuwi ora pada kekurangan apa-apa ing bab apa ing sak lumahé bumi, malah pada sugih duwit. Panggonané adoh karo wong Sidon lan pada ora sesrawungan karo sapa waé.