Judges 19:3 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Bojone tumuli mangkat nusul arep diarih-arih murih baline; lakune kanthi batur lanang siji lan kuldi loro. Satekane ing kana banjur diajak dening wong wadon enom iku lumebu ing omahe bapakne. Bareng bapakne wong wadon mau weruh tekane, tumuli diacarani klawan bungah.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Bojoné terus budal nyusul arep diréh-réh supaya bali; mlakuné karo batur lanang siji lan kimar loro. Sak tekané ing kana terus diajak karo wong wadon nom kuwi mlebu ing omahé bapaké. Bareng bapaké wong wadon mau weruh tekané, terus ditampa karo bungah.