Judges 20:48 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Nanging bala Israel banjur padha mbaleni marang wong bani Benyamin sarta padha ditumpes klawan landheping pedhang, iya manungsa iya kewan lan apa kang tinemu ana ing kutha kono. Uga sakehing kutha kang tinemu ing kono padha diobongi.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Nanging suradadu Israèl terus pada mbalèni marang wong turunané Bényamin lan pada dientèkké karo landepé pedang, ya manungsa ya kéwan lan apa sing ketemu ing kuta kono. Uga kabèh kuta sing ketemu ing kono pada diobongi.