Judges 21:12 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Anadene panunggalane wong ing yabesy-Gilead tinemu ana bocahe wadon patang atus kang padha isih prawan, kang durung tau tunggal turu karo wong lanang, iku padha digawa menyang pakemahan ing Silo, kang kaprenah ana ing tanah Kanaan.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Nanging tunggalé wong Yabèsy-Giléad sing ketemu ana botyahé wadon 400 sing pada ijik prawan, sing durung tau tunggal turu karo wong lanang, kuwi pada digawa menyang tarupé ing Silo, sing peneré tanah Kanaan.