Judges 21:5 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Ing nalika samana wong Israel banjur padha ngucap mangkene: “Panunggalane sakehing talere Israel sapa kang ora melu teka karo pasamuwan iki lan banjur seba ing ngarsane Sang Yehuwah?” Amarga wus padha nglairake sumpah kang abot tumrap in sadhengah wong kang ora melu seba marang ing ngarsane Sang Yehuwah ana ing Mizpa, mangkene anggone sumpah: “Wong iku ora kena ora mesthi kaukum pati!”
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Ing waktu semono wong Israèl terus pada ngomong mengkéné: “Tunggalé kabèh taler Israèl sapa sing ora mèlu teka karo pasamuan iki lan terus ngadep ing ngarepé GUSTI?” Awit wis pada nglairké sumpah sing abot kanggo saben wong sing ora mèlu ngadep marang ing ngarepé GUSTI ing Mispa, mengkéné enggoné sumpah: “Wong kuwi ora kena ora, mesti diukum pati!”