Judges 3:31 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Sawuse panjenengane, Sang Samgar bin Anat kang jumeneng, kang banjur niwasake wong Filisti kehe nem atus kalawan ngagem angkusing sapi. Mangkono anggone Sang Samgar uga ngluwari wong Israel.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Sakwisé Ehud, Samgar anaké Anat sing ngadek, terus matèni wong-wong Filistèn, tyatyahé 600 nganggo teken kanggo ngengon sapi. Mengkono enggoné Samgar uga ngluwari wong Israèl.