Judges 4:21 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Nanging Ibu Yael, garwane Sang Heber mau mendhet pathoking kemah sarta nyepeng palu, tumuli alon-alon nyelaki Senapati Sisera, pathok mau dianjingake ing pilingane nganti tembus tumanceb ing bumi, amarga Sang Sisera lagi sare kepati, sarta sayah temah dadi lan sedane.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Nanging Yaèl, bojoné Hèbèr mau jikuk patoké tarup lan nyekel amer, terus alon-alon nyedaki Siséra, patoké mau dientyepaké ing pilingané nganti tembus pilingané ing lemah, awit Siséra ijik turu kepati, lan kesel nganti dadi lan patiné.