Judges 6:17 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Atur wangsulane Gidheon marang Sang Yehuwah: “Manawi kawula sampun manggih sih kamirahan wonten ing ngarsa Paduka, Paduka mugi karsaa paring pratandha, bilih Paduka piyambak ingkang ndhawuhi kawula.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Semauré Gidéon marang GUSTI: “Yèn kula wis olèh katrésnan kawelasan ing ngarepé Panjenengan, Panjenengan muga gelem ngekèki tanda, yèn Panjenengan déwé sing mréntah kula.