Judges 6:19 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Gidheon banjur lumebu ing omahe sarta ngolah cempe siji, lan njupuk glepung sa-efa kanggo gawe roti tanpa ragi; iwake diwadhahi ing tenong lan duduhe diwadhahi ing pinggan digawa metu konjuk marang Panjenengane ana ing sangisore wit elon mau, diladosake ana ing ngarsane.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Gidéon terus mlebu ing omahé lan ngolah daging tyempé siji, lan njupuk glepung sak tyeting kanggo nggawé roti tanpa ragi; dagingé tyempé diwadahi ing tampah lan duduhé diwadahi ing mangkok digawa metu ngadep marang Panjenengané ing sak ngisoré wit gedé mau, diladèké ing ngarepé.