Judges 6:37 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
mugi kawula keparenga nyelehaken guntingan wulu menda wonten ing panuton; manawi namung wulunipun kemawon ingkang kebunan, sarta siti ngriku garing sadaya, ing ngriku kawula mangretos, bilih Paduka karsa ngluwari tiyang Israel lumantar tangan kawula kados ingkang sampun Paduka pangandikakaken.”
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
muga kula dililani nyèlèhké guntingan wulu wedus ing penggilingan gandum; yèn mung wuluné waé sing kebunan, lan lemah ing kono garing kabèh, ing kono kula ngerti, yèn Panjenengan gelem ngluwari wong Israèl lantaran tangan kula kaya sing wis Panjenengan tembungké.”