Judges 7:13 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Bareng Sang Gidheon rawuh ing kono, pinuju ana wong nyritakake impene marang kancane, pangucape: “Lah aku mentas ngimpi, ana roti sair saglintir kang katon gumlundhung nrajang marang ing pakemahane wong Midian. Bareng tekan ing pakemahan kene, tarub iki ditrajang nganti rubuh bosah-basih, kaya mangkono dadine tarub iki banjur rusak kabeh.”
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Bareng Gidéon teka ing kono, nalika ana wong nyritakké impèné marang kantyané, semauré: “aku mentas ngimpi, ana roti jewawut sak glintér sing kétok ngglundung nerjang marang ing tarup-tarupé wong Midian. Bareng tekan ing tarupé kéné, tarup iki ditrejang nganti ambruk molak-malik, kaya mengkono dadiné tarup iki terus rusak kabèh.”