Judges 7:15 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Bareng Sang Gidheon midhanget critane impen dalah katrangane iku mau, tumuli enggal-enggal sujud. Sawuse mangkono banjur wangsul menyang ing pakemahane wong Israel sarta ngandika: “Padha ngadega, awit Sang Yehuwah wus ngulungake pakemahane wong Midian marang ing tanganmu.”
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Bareng Gidéon krungu tyeritané impèn kabèh tegesé kuwi mau, terus gelis-gelis sujut. Sakwisé mengkono terus mulih menyang ing tarup-tarupé wong Israèl lan ngomong: “Pada ngadeka, awit GUSTI wis ngekèkké tarup-tarupé wong Midian marang ing tanganmu.”