Judges 7:24 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Sang Gidheon iya utusan menyang ing saindhenge pagunungan Efraim kanthi dhawuh: “Padha mudhuna, mapagna wong Midian, padha mepetana sakehe pasabrangan, uga pasabrangane bengawan Yarden nganti tutug ing Bet-Bara.” Sakehing wong ing Efraim tumuli padha diklumpukake lan mepeti sakehe pasabrangan, uga pasabrangane bengawan Yarden nganti tutug ing Bet-Bara.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Gidéon ya kongkonan menyang ing sak ubengé pegunungan Efraim karo ngongkon: “Pada muduna, metuki wong Midian, pada kwasanana sakkèhé panyebrangan, uga sabrangané laut Yordan nganti tekan ing Bèt-Bara.” Kabèh wong Efraim terus pada diklumpukké lan ngwasani sakkèhé panyebrangan, uga sabrangané laut Yordan nganti tekan ing Bèt-Bara.