Judges 7:4 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Ewasamono Pangeran Yehuwah ngandika marang Sang Gidheon: “Balane isih kakehen; padha dhawuhana mudhun ngombe banyu; ana ing kono bakal padha Sunsaring kanggo sira. Sapa kang Sundhawuhake marang sira: Iki kang bakal melu sira, yaiku kang bakal melu sira lan endi kang Sundhawuhake marang sira: Iki aja melu sira, iku iya aja melu.”
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Senajan mengkono GUSTI ngomong marang Gidéon: “Rayaté ijik kakèhan; pada omongana medun ngombé banyu; ing kono bakal pada Tak saring kanggo kowé. Sapa sing Tak omongké marang kowé: Iki sing bakal mèlu kowé, ya kuwi sing bakal mèlu kowé lan endi sing Tak omongké marang kowé: Iki aja mèlu kowé, kuwi ya aja mèlu.”