Judges 9:49 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Balane banjur iya padha ngethoki pang dhewe-dhewe sarta ndherekake Sang Abimelekh; kayune tumuli ditumpangake ing guwa mau, sarta guwa iku diobong klawan geni ana ing sadhuwure sirahe wong-wong mau, temah wong-wong saisine kutha Menara-Sikhem iya padha mati, lanang lan wadon watara wong sewu.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Suradadu-suradaduné terus ya pada ngetoki pangé déwé-déwé lan ngetutké Abimèlèk; kayuné terus ditumpangké ing guwa mau, lan guwa kuwi diobong karo geni ing sak nduwuré sirahé wong-wong mau, nganti wong-wong sak isiné kuta menara Sikem ya pada mati, lanang lan wadon udakara wong 1000.