Lamentations 2:13 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
He, putri ing Yerusalem, aku bisa mratelakake apa marang kowe, lan kowe kena dakupamakake apa? He, putri kenya ing Sion, kowe kena dakupamakake apa, kanggo nglipur kowe, marga gempuranmu ambane kaya sagara, sapa kang bisa marasake kowe?
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Hé, Yérusalèm, aku bisa ngomongké apa marang kowé, lan kowé kena tak umpamakké apa? Hé, anak wadon ing Sion, kowé kena tak umpamakké apa, kanggo nglipur kowé, awit gempuranmu ambané kaya segara, sapa sing bisa maraské kowé?