Leviticus 10:14 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Karomeneh andhemane pisungsung goyangan lan sampile pisungsung-mligi iku panganen ana ing panggonan kang ora ana najise, iya kowe dalah anak-anakmu lanang wadon, awitdene iku kabeh wus padha kaparingake dadi katetepan tumrap kowe lan anak-anakmu saka kurban slametane wong Israel.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Uga menèh dadané pisungsung goyangan lan sampilé pisungsung spésial kuwi panganen ing panggonan sing ora ana najisé, ya kowé kabèh anak-anakmu lanang wadon, awit kuwi kabèh wis pada dikèkké dadi pernatan kanggo kowé lan anak-anakmu sangka kurban keslametan wong Israèl.