Leviticus 10:15 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Sampil pisungsung-mligi lan andheman pisungsung goyangan iku padha digawaa menyang ing papaning sakehe kurban genenan kang awujud gajih, supaya padha digoyanga minangka pisungsung goyangan ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah. Iku katetepan kang kanggo ing salawase tumrap kowe lan anak-anakmu, kaya kang kadhawuhake dening Pangeran Yehuwah.”
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Sampilé pisungsung spésial lan dadané pisungsung goyangan kuwi pada digawa menyang ing panggoné sakkèhé kurban bakaran sing rupa gajihé, supaya pada digoyangké kanggo pisungsung goyangan ing ngarepé GUSTI. Kuwi pernatan sing kanggo selawasé kanggo kowé lan anak-anakmu, kaya sing dipréntahké karo GUSTI.”