Leviticus 10:19 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Ature Imam Harun marang Nabi Musa: “Pancen bener, ing dina iki wus padha ngaturake kurban pangruwating dosa lan kurban obaran marang ing ngarsaning Pangeran Yehuwah, nanging aku kok banjur ngalami prakara-prakara kang kaya mangkono mau. Saupama ing dina iki aku uga mangan kurban pangruwating dosa, apa iku ndadekake keparenge Pangeran Yehuwah?”
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Tembungé imam Harun marang Moses: “Pantyèn bener, ing dina iki wis pada masrahaké kurban ngluwari dosa lan kurban obongan marang ing ngarepé GUSTI, nanging aku kok terus ngalami perkara-perkara sing kaya mengkono mau. Yèn ing dina iki aku uga mangan kurban ngluwari dosa, apa kuwi ndadèkké setujuné GUSTI?”