Leviticus 11:10 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Nanging sadhengah kang ana ing sagara lan ing kali kang tanpa kepet lan sisik, sarta maneh panunggalane kang padha uyel-uyelan pating krogel ana ing banyu, iku kabeh najis tumrap sira.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Nanging saben ing segara lan ing kali sing tanpa kepet lan sisik, lan menèh tunggalané sing pada uyel-uyelan pating krogèl ing banyu, kuwi kabèh najis kanggo kowé.