Leviticus 12:6 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Dene manawa wus genep dinane anggone kasucekake, tumrap anak lanang utawa wadon, tumuli ngajokna wedhus gembel kang umur setaun kanggo kurban obaran lan piyik dara utawa manuk deruk siji kanggo kurban pangruwating dosa, diladekna marang imam menyang ing ngarepe lawangane Tarub Pasewakan.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Lan yèn wis genep dinané enggoné disutyèkké, kanggo anak lanang utawa wadon, terus nggawa wedus gèmbèl sing umur setaun kanggo kurban obongan lan anak dara utawa manuk deruk siji kanggo kurban ngluwari dosa, dipasrahké marang imam menyang ing ngarepé lawangé Tarup Kumpulan.