Leviticus 12:8 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Nanging manawa wonge ora bisa nganakake wedhus berok utawa wedhus gembel, kena ngladekake manuk deruk loro utawa manuk dara loro, siji kanggo kurban obaran, sijine kanggo kurban pangruwating dosa; dene imam nuli nganakna pirukun kanggo wong wadon iku, temah bakal birat najise.”
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Nanging yèn wong ora bisa nganakké wedus utawa wedus gèmbèl, kena masrahaké manuk deruk loro utawa manuk dara loro, siji kanggo kurban obongan, sijiné kanggo kurban ngluwari dosa; lan imam terus nganakké rukunan kanggo wong wadon kuwi, nganti bakal resik najisé.”