Leviticus 16:15 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Sawuse mangkono wedhus lanang kang bakal kanggo kurban pangruwating dosa tumrap wong akeh iku kasembeleha, sarta getihe kagawaa menyang ing saburine geber, lan getihe digawea padha kaya kang wus ditindakake tumrap getihe sapi mau, yaiku: dikepyurna ana ing dhuwure tutup pangruwatan lan ing ngarepe.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Sakwisé mengkono wedus lanang sing bakal kanggo kurban ngluwari dosa kanggo wong okèh kuwi belèhen, lan getihé digawa menyang ing sak mburiné geber, lan getihé digawé pada kaya sing wis ditindakké kanggo getihé sapi mau, ya kuwi: Dityipratké ing duwuré tutupé pangrukunan lan ing ngarepé.