Leviticus 2:11 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Sarupane kurban dhaharan kang sira saosake marang Pangeran Yehuwah iku pangolahe aja nganggo ragi, awitdene kang mawa ragi utawa madu iku ora kena sira obong dadi kurban genenan marang Pangeran Yehuwah.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Sak rupané kurban panganan sing kok pasrahké marang GUSTI kuwi ngolahé aja nganggo ragi, awit sing karo ragi utawa madu kuwi ora kena kok obong dadi kurban bakaran marang GUSTI.