Leviticus 20:25 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Sira padha mbedakna kewan kang kalal lan kang karam, apadene manuk kang karam lan kang kalal, supaya awakira aja nganti sira najisake, marga saka kewan kang sikil papat lan manuk, sarta sadhengah kang rumangkang nlosor utawa gumremet ana ing bumi, kang wus padha Sunpisahake supaya sira karamake.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Kowé pada mbédakna kéwan sing halal lan sing haram, uga manuk sing haram lan sing halal, supaya awakmu aja nganti kok najiské, awit sangka kéwan sing sikil papat lan manuk, lan sembarang sing mbrangkang ndlosor utawa nggremet ing bumi, sing wis pada Tak pisahké supaya kok haramké.