Leviticus 22:18 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
“Sira ndhawuhana marang Harun lan anak-anake sarta sakehe wong Israel, iku padha sira tuturana: Sapa bae ing antarane umat Israel lan para wong kang mondhok ana ing Israel, samangsa nyaosake pisungsunge, dadia kang arupa pisungsung punagi utawa pisungsung manasuka, kang arep disaosake marang Pangeran Yehuwah minangka kurban obaran,
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
“Kowé mréntaha marang Harun lan anak-anaké lan sakkèhé wong Israèl, pada omongana: Sapa waé ing antarané umat Israèl lan para wong sing mondok ing Israèl, yèn masrahaké pisungsungé, dadia sing rupa pisungsung mbayar janji utawa pisungsung kebungahan, sing arep dipasrahké marang GUSTI kanggo kurban obongan,