Leviticus 23:18 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Roti mau sira kanthenana wedhus gembel pitu kang umur setaun kang tanpa cacad lan sapi lanang siji kang enom sarta wedhus gembel lanang loro, kabeh mau kagawea kurban obaran konjuk marang Sang Yehuwah, karo kurban dhaharan lan kurban unjukan, dadi kurban genenan kang gandane gawe renane Sang Yehuwah.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Roti mau kok barengi karo wedus gèmbèl pitu sing umur setaun sing tanpa tyiri lan sapi lanang siji sing nom lan wedus gèmbèl lanang loro, kabèh mau digawé kurban obongan ngadep marang GUSTI, karo kurban panganan lan kurban ombèn, dadi kurban bakaran sing ambuné nggawé senengé GUSTI.