Leviticus 24:3 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Harun kudu tansah njaga damar-damar iku ana ing sangarepe geber kang ngaling-alingi papan angger-anggering Allah ing jero Tarub Pasewakan, wiwit wayah sore tumeka esuke, ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah. Iku pranatan kang kanggo ing salawase tumrap sira turun-tumurun.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Harun kudu tansah njaga dimar-dimar kuwi ing ngarepé geber sing ngaling-alingi panggonan angger-anggeré Allah ing njeruh Tarup Kumpulan, wiwit wayah soré tekan ésuké, ing ngarepé GUSTI. Kuwi pernatan sing kanggo selawasé kanggo kowé turun-temurun.