Leviticus 4:31 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Nanging gajihe kabeh dijupuka padha kaya njupuk gajihe kurban slametan, nuli diobonga dening imam ana ing misbyah, minangka ganda kang damel renaning Pangeran Yehuwah. Kaya mangkono imam anggone nganakake pirukun kanggo wong mau, temah banjur kaparingan pangapura.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Nanging gajihé kabèh njupuka pada kaya njupuk gajihé kurban keslametan, terus diobongi karo imam ing mesbèh, kanggo ambuné sing nggawé senengé GUSTI. Kaya mengkono imam enggoné nganakké rukunan kanggo wongé, nganti terus dikèki ngapura.