Leviticus 4:35 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Nanging gajihe kabeh didhewekna, padha kaya gajihe wedhus gembel kurban slametan, nuli diobanga dening imam ana ing misbyah patrap kaya kurban sesaosan kang digeneni kagungane Sang Yehuwah. Mangkono imam anggone nganakake pirukun kanggo wong mau tumrap dosa kang wus dilakoni; temah bakal kaparingan pangapura.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Nanging gajihé kabèh didèwèkké, pada kaya gajihé wedus gèmbèl kurban keslametan, terus diobong karo imam ing mesbèh tyarané kaya kurban sing dibakar duwèké GUSTI. Mengkono imam enggoné nganakké rukunan kanggo wongé kuwi awit dosa sing wis digawé; nganti bakal dikèki ngapura.