Leviticus 5:11 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Nanging saupama wong mau ora bisa ngaturake manuk deruk loro utawa piyik dara loro, kang disaosake minangka kurban marga saka anggone dosa iku arupa glepung kang becik dhewe saprasepuluh efa kanggo kurban pangruwating dosa. Ora kena diesoki lenga lan aja ditumpangi menyan, awit iku kurban pangruwating dosa.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Nanging yèn wong mau ora bisa nggawa manuk deruk loro utawa anak dara loro, sing dipasrahké kanggo kurban awit sangka enggoné dosa kuwi rupa glepung sing apik déwé sak prasepuluhé éfa kanggo kurban ngluwari dosa. Ora kena diesoki lenga lan aja ditumpangi menyan, awit kuwi kurban ngluwari dosa.