Leviticus 5:18 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Wong iku nggawaa wedhus gibas lanang siji kang tanpa cacad saka ing pepanthane kang wis ditetepake pangajine, diladekna marang imam. Dene imam ngolehna pirukun kanggo wong iku marga saka panggawene kang wus dilakoni kalawan ora kajarag lan ora kasumurupan mau, temah bakal kaapura.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Wong kuwi nggawaa wedus gèmbèl lanang siji sing tanpa tyiri sangka kumpulané wedus sing wis ditetepaké regané, diladèkké marang imam. Lan imam nganakké rukunan kanggo wong kuwi awit sangka penggawéné sing wis dilakoni lan ora disengaja lan ora diweruh, terus bakal dingapura.