Leviticus 5:7 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Nanging manawa wong mau ora bisa ngaturake wedhus berok utawa wedhus gibas, kanggo panebusing dosa kang wus dilakoni, iku nyaosna marang Sang Yehuwah arupa manuk deruk loro utawa piyik dara loro, siji kanggo kurban pangruwating dosa, siji kanggo kurban obaran.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Nanging yèn wong mau ora bisa masrahaké wedus utawa wedus gèmbèl, kanggo tebusan dosa sing wis digawé, kuwi masrahaké marang GUSTI rupa manuk deruk loro utawa anak dara loro, siji kanggo kurban ngluwari dosa, siji kanggo kurban obongan.