Leviticus 6:20 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
“Iki dadia kurbane Harun lan anak-anake, kang kudu disaosake marang Pangeran Yehuwah samangsa ana kang dijebadi; iku arupa glepung gandum pilihan saprasepuluh efa kagawe kurban dhaharan ajegan, separo ing wayah esuk, separo ing wayah sore.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Ing dina tetepan mau imam sing arep dijebatani kudu masrahaké glepung gandum sak prosepuluh éfa marang Gusti Allah. Pada okèhé karo kurban panganan saben dina. Sing separo kudu dipasrahké kanggo kurban ing wayah ésuk, turahané kanggo soréné.