Leviticus 7:18 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Awitdene manawa daginge kurban slametan iku kapangan ing dina katelune, iku bakal ora katrimah, lan kurbane kaanggep batal, malah dadi njemberi, lan sapa wong kang mangan iku bakal nyangga kaluputane dhewe.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Awit yèn dagingé kurban keslametan kuwi dipangan ing dina kaping telu, kuwi bakal ora ketampa, lan kurbané dianggep batal, malah dadi ngregeti, lan sapa wong sing mangan kuwi bakal nyangga kesalahané déwé.