Leviticus 8:22 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Sawuse mangkono Nabi Musa dhawuh ngajokake wedhus gibas lanang sijine, iya wedhus kang kanggo kurban wisudhan. Rama Harun lan para putrane banjur padha numpangake astane ana endhasing wedhus mau;
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Sakwisé mengkono Moses ngongkon masrahké wedus gèmbèl lanang sijiné, ya wedus sing kanggo kurban panetepan. Harun lan para anaké terus pada numpangké tangané ana endasé wedus mau;