Leviticus 8:28 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Sawuse mangkono Nabi Musa banjur mundhut sakabehe mau saka ing epek-epeke astane Rama Harun lan para putrane, sarta diobong ana ing misbyah kurban obaran dadi kurban wisudhan, minangka ganda kang gawe rena, kurban genenan kang kasaosake marang Sang Yehuwah.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Sakwisé mengkono Moses terus njupuk sak kabèhé mau sangka èpèk-èpèké tangané Harun lan para anaké, lan diobong ing mesbèh kurban obongan dadi kurban panetepan, kanggo ambuné sing nggawé seneng, kurban bakaran sing dipasrahké marang GUSTI.