Leviticus 8:29 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Nabi Musa banjur mundhut andhemane wedhus mau, kasaosake minangka pisungsung goyangan ana ing ngarsaning Sang Yehuwah, andheman iku dadi pandumane Nabi Musa saka wedhus kurban wisudhan, kaya kang wus dadi dhawuhe Pangeran Yehuwah marang Nabi Musa.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Moses terus njupuk dadané wedus mau, dipasrahké kanggo pisungsung goyangan ing ngarepé GUSTI, dadané kuwi dadi pandumané Moses sangka wedus kurban panetepan, kaya sing wis dadi préntahé GUSTI marang Moses.