Leviticus 9:12 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Sawuse mangkono banjur mragat kurbane obaran, para putrane Rama Harun banjur ngladekake getihe marang panjenengane, Rama Harun tumuli ngesokake getih iku ana ing misbyah mubeng.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Sakwisé mengkono terus mbelèh kurbané obongan, para anaké Harun terus masrahaké getihé marang bapaké, Harun terus ngesokké getih kuwi ing mesbèh mubeng.