Luke 1:5 — Compare Translations
3 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Nalika jamane Sang Prabu Herodhes, nata ing tanah Yudea, ana sawijining imam, jenenge Zakharia, kalebu golongan Abia. Bojone uga trahe Harun, jenenge Elisabet.
Javanese JVN (Javanese, Caribbean)
Dongé Hérodès ijik dadi ratu nang distrik Yudéa, ènèng sakwijiné imam sing jenengé Sakarias, sangka golongané imam Abia. Bojoné imam Sakarias jenengé Elisabèt. Ibu Elisabèt iki turunané imam Aron.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Nalika jamané Hérodes, ratu Yudéa, ana imam, jenengé Sakaria, klebu golongané Abia. Bojoné uga turunané Harun, jenengé Elisabèt.