Luke 10:16 — Compare Translations

3 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Sing sapa ngrungokake kowe, iku ngrungokake Aku lan sing sapa nampik marang kowe, iku nampik marang Aku. Mangka kang nampik marang Aku, iku nampik marang Panjenengane kang ngutus Aku.”
Javanese JVN (Javanese, Caribbean)
Gusti Yésus terus ngomong marang murid-muridé: “Sapa sing manut marang piwulangmu, kuwi uga manut marang Aku. Sapa sing nampik kowé, kuwi ya nampik Aku. Lan sapa sing nampik Aku, kuwi nampik Gusti Allah sing ngongkon Aku!”
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Sapa waé sing ngrungokké kowé, kuwi ngrungokké Aku lan sapa waé sing nampik marang kowé, kuwi nampik marang Aku. Nanging sing nampik marang Aku, kuwi nampik marang Panjenengané sing ngutus Aku.”