Luke 10:7 — Compare Translations
3 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Kowe tetepa ana ing kono, mangana lan ngombea apa kang disuguhake marang kowe, amarga wong nyambut-gawe iku wis samesthine oleh pituwas. Aja ngolah-ngalih pamondhokmu.
Javanese JVN (Javanese, Caribbean)
Nèk kowé ditampa nang sakwijiné omah, manggona terus nang omah kono. Pada mangana lan ngombéa apa sing disuguhké marang kowé, awit wong sing nyambutgawé wis sak mestiné nèk nampa upahé. Nanging aja ngolah-ngalih enggonmu nginep.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Kowé manggona ing kono, mangana lan ngombéa apa sing disuguhké marang kowé, awit wong nyambutgawé kuwi wis sak mestiné pada olèh upahé. Aja ngolah-ngalih panggonan enggonmu nginep.